Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2021

KAWICAKSANAN IKU AWEH PANGAYOMAN

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3065927003686416/ Wong urip ing donya kudu wicaksana; nduweni kawicaksanan mono becike padha kaya nampani warisan, merga kawicaksanan kuwi aweh pengayoman, ora beda karo kasugihan. Kawicaksanan ngreksa uripe wong kuwi dhewe. Nitenana pakaryane Allah, apa ana wong sing bisa nglencengake barang sing dititahake bengkong dening Allah? Ing mangsane ngalami kabegjan, bungah utawa nandhang karubedan, elinga yen kabegjan lan karubedan kuwi sekarone Allah kang nitahake. Kowe ora ngerti apa sing bakal kelakon ing tembe. Pranyatan ing ngarep iku ngemu pituduh dene samubarang uriping manungsa iku wus ginaris apa kang dadi rancangane Sang Hyang Widi. Amung bae kita kudu wicaksana anggone ngayahi darmaning urip, nyadhong panuntune Gusti temahan nora mlenceng lan tansah lumaku ing ener tumuju dalan kabenerane Pangeran Gusti Kang Maha Wasesa.  Sugeng enjing para sutresna PBJ, sugeng makarya ngayahi darmaning kulawar...

SAMUBARANG TITAH RIPTANING GUSTI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3065705230375260/ Pigatekna wit-witan ing ngare lan pakebonan, sadhengah sawernane manuk padha ngoceh sesautan, maneka warna iwak ing samodra, ing ngendi bae dununge kabeh pakaryane Gusti. Cahyaning rembulan, lintang ing satengahing ratri kang sepi, satengahing raina sang surya sumunar amadhangi jagad raya, mangsa ketiga lan rendheng lir gumanti mangsa semi, samubarang ing ngalam donya dumadine saka Sang Pangripta Gusti Kang Maha Kawasa. Samono uga manungsa titahe Gusti kang mulya, datan ana kang ketriwal, kabeh denNya rineksa, samubarang binerkahan dening Gusti, sinung kanugrahan kadya janji-satyaNya. JM, sirep jalma, 30821        dening eNPe

TRESNA MRING SAPEPADHA

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3046482545630862&id=1684548218490975 Tresna mring sapepadha klayan trusing ati yeku wujudira tresna mring negari lelabuh mring bangsa mrih lestari. Tresna mring sapepadha tan mawang samesthi ngudi dhemokrasi klayan trusing ati bebedaning mring liyan den urmati. Tresna mring sapepadha kang kaesthi hak asasi manungsa binabar yekti adil dalah bebener den belani. JM, lingsir wengi, 5821       rinakit @eNPe

PAGEBLUG vs BADMINTON - rembugan warung kopi -

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3045120312433752&id=1684548218490975 Ing wektu samengko ing donya lagi ketaman pageblug kang nggegirisi. Jalaran 'virus corona' negara-negara ing salumahing bumi padha klabakan anane pageblug kang kondhang kasebut aran C-19. Pamarintah ora kurang anggone ngupayakake nedya nge-rim panyebarane 'virus' klayan werna-werna cara, ing Indonesia sing lagi kondhang yaiku PPKM - Pokoke_Padha_Kabeh_Mandheg - 🤣😂 ajwa lelungan dhisik yen ora perlu banget, lan Para_Punggawa_Kudu_Maskeran 😷😷 La iya kabeh negara padhadene umyek dhewe-dhewe nganti pagelaran Olimpiade kang rancangane taun 2020 kepeksa diundur setaun. Lamun kita pigatekake ing giyaran samengko iki ana sing kurang yaiku ora ana sing nonton, padatan stadion kebak pamiyarsa saka saben negara lan sorak-sorak saiki swasanane sepi. Yen disetiteni kanggone masarakat Indonesia sing miluta pamiyarsane giyaran badminton jalaran salah sijine ana pasangan atlit b...