REREPEN DALU
(kapacak ugi ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2081959605416499&id=1684548218490975 ) Dhuh Pangeran sesembahan kawula Kawula angalembana Paduka Ing wanci dalu punika Padhanging surya sampun sirna Nanging Paduka tan nilar kawula Tansah ngrimat gesang kawula Asta Paduka rumeksa kawula Aparing sandhang lan tedha Dene yen kawula manggih sisah Pangauban Paduka tansah rumentah Wiwit ing wanci enjing-enjing Ngantos ing dalu samangkya Ing sauruting dalu punika Paduka ngemuli kawula Raga lan sukma kawula pasrah Ing asta Paduka kang kwasa Bencana kaliyan samukawis rubeda mugi Paduka tebihaken Supados tangi kula enjing klayan kawilujengan JM, wanci sidhem, 23418 eNPe