Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2019

SWARGA DUDU MUNG CRITA

kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2344106729201784/ (tulisan kang becik dening wong manca bab sawangane tumraping Indonesia) Sugeng enjing para kadang sutresna, Ing Eropa utawa Amerika sisih lor m angsane hawa adhem ya nalika salju tumurun,  hawane bisa tekan 40 derajad celcius sangisore nol derajad celsius (-40°C). Iku ateges kulkasmu isih luwih anget. Ya ing wanci iku sakabehe tetanduran mati kejaba uwit cemara. Ya ing wanci iku uga getihmu bisa mandheg dadi es yen kowe metu saka omah tanpa sandhangan anget sing sarwa kandel (jas bahan wol). Ing mangsa salju manungsa budidaya supaya bisa urip klawan ngayahi apa kang bisa katindakake, mokal bisa lumaku yen datan dipiranteni nganggo piranti-piranti lan asil tehnologi. Tanpa iku kabeh bisa mati methotholen kadhemen. Apa maneh yen ketaman udan angin salju sinebut 'badai salju'. Bisa kagambarake apa kang bisa katindakake kejaba mung urip ing jroning kamar sing disaranani piranti pemanas sine...

INDONESIA NEGARI ADI

 kapacak ing FB  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2329741927304931/ Indonesia nagari adi kang sestu kula tresnani, tanah wutah rah nggih tanah pusaka paringing Gusti Kang Murbeng Dumadi, sestu tansah kula labuhi klayan eklas trusing ati. Indonesia nagari mulya bebanjaran ewonan pulo nuswantara, beda suku dalah agaminya, ras sarta golonganira, tansah kula suwun dhuh Gusti mrih lestari slaminya. Indonesia nagari agung linandhesan Pancasila dhasaring nagari, ayo pra kadang kaugemana sarana gesang guyub rukun sami, minangka tetangsul tuntunan gesang bebrayan sabangsa niki.        MERDEKA! JM, bangun esuk, 2419        dening eNPe