TUMETESING EBUN ESUK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02NBZYzCdBwktSEmXHBQYxqruvjotD3R4eTgdBT2ZjCDijtvzvrsLwaLRYbR3J3kB2l/ Bocah wadon iku isuk-isuk bukak jendhela kamar karo nyawang petamanan kang katon asri dening taneman kembang sing lagi padha mekrok. Dheweke meruhi ana ebun kang tumetes saka gegodhongan tumiba ing lemah njur ilang. Kaya mangkono saben dina bocah wadon mau ngematake. Ibune tansah migatekake apa kang dipikirake dening putrine. "Kowe lagi ngematake ebun-ebun iku ya nduk?", ibune ndangu. "Inggih bu punika lho saben tetes ebun ical remesep ing siti", ngono wangsulane. "Ngertia nduk saben tetes ebun sing tumiba ing lemah kuwi banget migunani tumraping alam. Ebun owah dadi banyu njur disedhot lemah rumesep ing oyot-oyot taneman kanggo nguripi kembang-kembang sing padha mekrok nganti katon endah iku." "Semono uga tumetesing berkahe Gusti Allah kang saben esuk kacawisake kanggo dalan panguripaning manungsa iya kadya tu...