PRAHARANING URIP
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0Jb5kS81WtDEqNTNsbbYt9axmTBNoESmqxwGsiLHJQNmaUzyMazHVgW3Y3m5txSQMl&id=1684548218490975&mibextid=Nif5oz
Sawijining wektu ana bapak lan putrané lagi nyopiri montor. Sawusé wetara puluhan kilometer, ujug-ujug mendhung lan peteng dibarengi tumiyupé angin kenceng. Langit dumadakan dadi peteng dhedhet. Tetumpakan liyané padha minggir lan mandheg.
“Bapak, KADOSPUNDI punika? Punapa kita mandheg rumiyin?,” maturé si putra.
“Terus baé.. !”, ngendikané bapakné.
Putrané ya PANGGAH nglakokaké montoré. Langit sangsaya peteng, anginé kenceng njur wiwit udan.
Ana saperangan uwit padha sempal lan ambruk, malah ana uga sing kabur katerak angin. Kaanané nggegirisi banget. Katon montor-montor gedhé uga wiwit minggir lan mandheg.
“Dospundi punika pak…?”
“TERUSA baé olèhmu nyopir!” ngendikané bapakné karo terus mirsani mengarep.
Klawan rekasa putrané ya PANGGAH nyopir.
Udan deres ngalangi pandeleng kira-kira bisa ndelok hamung pirang meter baé.
Si anak wiwit kuwatir.
Ananging... dhèwèké panggah baé nyopir, senadyan alon-alon.
Sawusé ngliwati wetara kilometer, rasané udan wiwit tingkas & angin uga wiwit suda.
Wetara kilometer sabanjuré, sakloron tekan ing panggonan sing katon garing lan ana sunaré srengéngé.
“Nah saiki mandhega lan metua!,” ngendikané sang bapak.
“KÉNGING PUNAPA sapunika pak?,” pitakoné si Anak.
“Karebèn kowé BISA NDELENG, kepriyé saupama nalika kita mandheg ing satengahing prahara.”
Montor njur diendhegaké lan dhèwèke metu, nyawang memburi, saka kadohan katon angin-ribut isih durung mandheg.
Dhèwèké MIKIRAKÉ wong-wong kang kebetheng angin ing kana.
Dhèwéke lagi mangretèni déné AJA MANDHEG ing satengahing prahara AMARGA bakal kebetheng ing satengahing kahanan kang ora duwé pepesthèn.
Samangsa kita ngadhepi prahara ingaurip, TERUSA lumaku, AJA kandheg lan mutung, awit kita bisa kagèndèng ombyaking kahanan sing tansah nguwatiraké lan ora duwé pepesthèn.
TANDANGANA Apa kang bisa kita tandangi, mantepa lan pracayaa dénè "BADAI PASTI BERLALU"
KITA ora arep kandheg ananging terus maju baé, jalaran kita yakin déné ing ngarep kana Pepesthèn lan Kabungahan sumadhiya kanggo kita...
URIP ORA SALAWASÉ LUMAKU KANTHI MULUS!!!
TANSAH ana watu krikil lan sawernaning eri, supaya kita *WIWÉKA & WASPADA*..
TANSAH ngadhepi simpangan, supaya kita *WICAKSANA* anggoné *MILIH*..
BUTUH Panuntun dalan, supaya kita duwé *PANGAREP-AREPAN* bab arahing tembé mengkone.
Urip BUTUH Masalah, supaya kita ngreti lan duwe *KAKUWATAN*..
BUTUH Pangorbanan, supaya kita ngreti carané *NYAMBUT GAWÉ SING TEMEN*..
BUTUH tangis, supaya kita ngerti *LEMBAH MANAH*
BUTUH diina & dirèmèhaké supaya kita ngreti kepriyé carané *NGAJÈNI*..
BUTUH ngguyu lan èsem, supaya kita bisa *CAOS SOKUR*..
BUTUH wong liya, supaya kita ngreti kita *ORA DHÈWÈKAN*..
Anggoné ngrampungaké *MASALAH* aja karo grundelan, ngresula, apa manèh kanepson, Lakonana klawan *sabar, rasa sokur*, lan aja lali *MÈSEM*.
Bacutna *ANJANGKAH* senadyan mrangguli *ALANGAN*, Aja geter lan kuwatir!
Aja ngétung apa SING ILANG, ananging étungen apa SING ISIH ANA.
Wondéné pengasilan kita sethithik, mesthi ora bakal kekurangan kanggo nyukupi kapreluan urip.
Kosok baliné saakèh-akèhé pengasilan kita, bakal kurang yèn dipigunakaké nuruti "Lelewa solahing urip (Gaya Hidup)".
Ora salawase tetembungan kang élok lan éndah iku bener, uga ora salawasé tembung-tembung kang nyerikaké iku salah/luput.
Urip iki cekak wektuné, tinggalen sing rinasakaké ora migunani, lan upayanen sing migunani tumrapmu.
Kekancana mring sapa baé nanging kekancana mring wong kang duwèni solah-tingkah kang becik lan luhur bebudènè.
Muga migunani 🫳🫰
JM, madyaning ratri, 141216
èNPé

Komentar
Posting Komentar