PRAHARANING URIP
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0Jb5kS81WtDEqNTNsbbYt9axmTBNoESmqxwGsiLHJQNmaUzyMazHVgW3Y3m5txSQMl&id=1684548218490975&mibextid=Nif5oz Sawijining wektu ana bapak lan putrané lagi nyopiri montor. Sawusé wetara puluhan kilometer, ujug-ujug mendhung lan peteng dibarengi tumiyupé angin kenceng. Langit dumadakan dadi peteng dhedhet. Tetumpakan liyané padha minggir lan mandheg. “Bapak, KADOSPUNDI punika? Punapa kita mandheg rumiyin?,” maturé si putra. “Terus baé.. !”, ngendikané bapakné. Putrané ya PANGGAH nglakokaké montoré. Langit sangsaya peteng, anginé kenceng njur wiwit udan. Ana saperangan uwit padha sempal lan ambruk, malah ana uga sing kabur katerak angin. Kaanané nggegirisi banget. Katon montor-montor gedhé uga wiwit minggir lan mandheg. “Dospundi punika pak…?” “TERUSA baé olèhmu nyopir!” ngendikané bapakné karo terus mirsani mengarep. Klawan rekasa putrané ya PANGGAH nyopir. Udan deres ngalangi pandeleng kira-kira ...