AJINE/REGANE SIH KATRESNANE IBU
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975 /posts/pfbid099Yxe6yVLwGCBSxrVUp298p2osdHLhimZPefLPQ2yNQkpkDo9JbqfhLf8BU7nhR9l/ AJINE/REGANE SIH KATRESNANE IBU Ana sawijinine anak sing sugih brewu lan lagi nedheng-nedhenge moncer/kondhang tilik ibune sing nembe nandhang gerah ing rumah sakit nglawan gerahe antarane mati lan uripe. Puji sokur Gusti, wusanane si ibu dening doktere wus kepareng kondur. Kanthi enggal gegancangan si anak methuk ibune banjur ndherekake kondur menyang daleme. Tekan dalem ibune, si anak ngetokake lembaran kertas nuli kaaturake ibune, isine yaiku tagihan sajroning ibune dirawat ing rumah sakit, 1. Obat : Rp. 12.500.000 2. Kamar rumah sakit : Rp. 8.000.000 3. Wragad tilik : Rp. 4.000.000 4. Wragad jaga bengi ing rumah sakit: Rp. 3.000.000 5. Wragad ngopeni ibu sajrone sesasi : Rp. 5.000.000 6. Ganti rugi ninggalake rapat : Rp. 4.500.000 7. Bensin kanggo wira wiri : Rp1.000.000 8. Liya liyane : Rp10.000.000 la...