Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2018

MULYAKNA KAMULYANING ALLAH MA'LUHUR

  (kapacak ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2101709910108135&id=1684548218490975 ) Krepekna kekidungan anyar, krana kamulyaning Allah Kang Ma'Luhur, Tumitah ing saindhenging nabastala salumahing bantala, tembangna puji-pujian ing ngaluhur. Luhurna asmaNe Gusti Kang Maha Agung, Surak-surak sukarena konjuk Sang Pangeran, Mulyakna he diwangkara, he candra, datan kendhat konjuk ing arsaNya. He kartika kelap-kelap ing nabastala, puji lan mulyakna Gusti Kang Akarya Gesang, He pra titah sadarum kawit saka arga tumekaning samodra, padha sumuyud memujia Sang Pangripta jagad raya. Kaaturna rerepen kidung masmur konjuk ing arsaNya, He bayu ing dirgantara padha memujia klawan sukarena, mulyakna Asma Pangriptamu, minangka pisungsung caos sokur awit palimirmaNya. JM, madya ratri, 010618        dening eNPe